Wong Jawa Emoh Kepidak Ayang-ayange


BARENG dakeningake, jebul ana watak ala sing kraket ing atine wong Jawa. Ing bebrayan, ana wong sing bebasan emoh kepidak ayangayange. Ayang-ayang iku, simbol pangilone batin lan ajining dhiri.

Ayang-ayang iku katon nalika raga kesorotan cahya padhang. Ayangayang mau pasemone kapribaden. Wong gedhe, ayang-ayange gedhe. Wong cilik biasane ayang-ayange cilik. Gandheng ayang-ayang iku gambaran ajining dhiri, yen nganti kepidak wong liya ana sing njola.

Ana sing rumangsa asor, yen nganti kepidak ayang-ayange. Luwih gregeten meneh yen sing ngidak ayang-ayang mau wong sing luwih enom, asor, lan kalah awu, sok nuwuhake rasa nekat lan tegel mamah bebasane.Wong sing komawani ngidak ayang-ayang, dianggep nyenyamah ajining dhiri. Dianggep nyepeti mripat.

Mula, tumrap sing kepidak asring mentamenta, muring, lan gedhene tekan nglabuhi nyawa. Ayang-ayang kuwi pangilone rasa. Yen wong Jawa sing kagedhen rumangsa, mesthi suthik kesenggol ayangayange. Mula seka iku, yen kepidak ayang-ayange, mana sing toh getih lan pati. Embuh direwangi apa wae, wirang isin, wong Jawa asring njaga ajining dhiri.

Wong kasebut sok tegel mblejeti, mudani wong liya paribasane, nganti sing dianggep ngidak ayang-ayang mau kejlungup-jlungup, lagi marem.

Wong Jawa sing lagi emoh kepidak ayang-ayange, samubarang trekah adat saben kebak krenah lan kemonah. Trekahe asring lembut, nanging atine nglugut, metu wulune. Sing paling mbebayani, merga dheweke sok katon alus lan kebak samudana, ning atine reged, banjur pengin mblithuk wong liya. Sing paling baku, dheweke slamet, menang lan wenang. Akibate sok degsiya marang sepadha-padha sing dianggep nyandhungi laku.

Watak kajiwan ngene iki, wis kronis tumanem ing atine wong Jawa. Gandane watak mangkono, bakal nuwuhake papa cintrakane liyan. Pituwase watak sing bakal nuwuhake sengsarane wong liya mau, yen dakgerba ana telung perkara.

Sepisan, wong Jawa ana sing suthik kedumuk mbun-mbunane, emoh kecenthok ajining dhiri. Yen kesenggol ajining dhiri, bakal njingkat lan tegel munasika marang liyan. Wong Jawa sing ngukuhi mbun-mbunane, satemene becik. Sing ala kuwi, yen anggone ngugemi ajining dhiri srana ancikancik susahe liyan, iki sing sok nuwuhake dredah. Wong sing kaya ngene iki kerep mbiji lan metani alane wong liya. Wong liya dianggep luwih reged timbang dhirine. Luwih-luwih yen wong Jawa kasebut sawijining priyagung, ningrat, senior, profesor pisan, wah nggekeng temenan anggone ndhepani ajining dhiri.

Rumangsane, dheweke kuwi ora kena luput kaya malaikat. Mula senajan kleru, sok moles rembug, golek pangeyuban, lan kekudhung wong liya. Kaya-kaya pratingkahe remesik, kemritik kaya uyah dibakar, lan kadhang kala kebak pangancam. Wong kasebut, yen kebacut gething, tegel ipat-ipat marang wong liya sing dianggep nyenyamah ajining dhiri. Paling ora yen nuju mitenah liyan, banjur metu guneme: kapokmu kapan.

Jeneh semangkeyan. Rasakna! Angger wong liya sing dianggep satru mau wis klejekan, sambat sebut, dheweke rumangsa njumbul tekan langit. Kapindho, wong Jawa sing lumuh kungkulan lungguhe, tegese apa wae pengin luwih onjo, luwih
top (super), luwih resik, lan luwih sakabehe. Anggepe, wong liya iku dadi klilip. Ngene iki uga kerep daksemak lan ditemah dening sapa wae, sing isih yunior. Arep ngerti, ana sawijining bos, pinisepuh, yen nyipati andhahane arep munggah pangkat diendhon-endhoni, lan digoleki lupute. Beteke sang ìsesepuhî iku wedi kungkulan kalungguhane. Iki sejatine ketaman lelara serik ngasu kikik, banjur tegel ìnyathekî salokane.

Senajan munggah jabatan iku hak asasine yunior, nanging para sepuh asring ana sing mecucu, ora ikhlas. Luwih ruwet, rasa meri mau diwujudake srana krenah lan reridhu. Kayata, para nom-noman sing arep maju mau digoleki boroke, waton elek, kena kanggo pawadan ngendheg jangkahe wong enom.

Anggepe, yen kungkulan utawa dipadhani lungguhe bakal kiamat. Lhadalah! Mula, ana para sesepuh sing sok kianat. Asring tinemu para sepuh sing lomah-lameh, jebul dhemen molak-malik rembug, guneme mentah, lan ora kena dituhoni. Semonoa, wong tuwa sing suthik yen bawahane mungkat drajat mau, lunyu ilate. Ora kena dicekel rembuge, lan sok menangmenange dhewe. Yen bisa, kabeh bakal ditelukake, dilabrak entekentekan.

Katelu, wong Jawa sing lumuh kagepok cengele, lire yen nganti wewadining dhiri bakal kewiyak, banjur golek tutup. Wong ngene iki, biasane emoh noleh cengel lan ngilo githok. Senajan dhirine kuwi reged, sok nyalahake wong liya.

Ora percaya? Ana mitra lan pepundhenku, sing satemene tumindak busik, merga ngothakathik dana beya alias korup, nanging meksa golek cara supaya bisa wisuh. Mitraku kasebut satemene wong pinunjul, nanging ndleya, banjur pengin nutupi boroke.

Anehe, anggone nutupi bobroke mental kudu nggawa kurban wong liya. Wong liya sing ora dosa ora perkara, disuduk seka mburi (pungkuran) bebasane. Kayata, wong liya mau, anggone arep ngajokake jabatan diregoni, dikisruh, digawe suwe supaya dedreg. Wong ngene iki, sekawit arep ngaku bener dhewe. Dheweke nganggep dhirine paling super sadonya.

Mangka, wong mau lagi gubras blethok. Nyipati watak wantune wong Jawa telung perkara iku, yen ora dawa ususe, bakal = mbilaeni. Sebab, wong kuwi yen lagi ngudang siyunge Bethara Kala, kaya arep nggaglag lan nguntal malang. Sing perlu disumurupi ing urip saben dina, pancen ana wong sing katone ìngudangî, ngalem sundhul langit, nanging sejatine kepengin njlungupake. Pengin ngejlogake.

Manungsa pancen sok luwih ala, luwih wengis timbang kewan. Yen lagi kuciwa atine, wong mono asring golek-golek kanca, kareben wong liya melu ngrasakake panandhange batin. Mung wae, carane asring nyodhog kana-kene. Ana uga sing nedya njegal lan mengkal wong liya. Dheweke kuwi ngugemi ati kedhondhong, katone njaba resik, apik, alus, nanging batine getem-getem, wedi yen kedhisikan, lumuh kungkulan. Wedi yen wong liya luwih mulya.

Wong sing lagi kablebeg lelara batin pancen mblegudhug monyormonyor tenan. Biasane, rasa kawatir lan drengki srei, asring diundha kaya layangan ing jagad pasrawangan. Yen wong liya durung kedhungsang-dhungsang, presasat durung lega. Dheweke banjur ering lan meri yen ana wong pengin sukses. Sing marahi sok kudu ngguyu kepingkelpingkel, ana sing anggone mbelani ajining dhiri, ngudang ayangayang, nganti direwangi kaya gajah ngidak rapah. Tegese, tegel nrejang marang wewalere dhewe.

Kaya wong lagi kranjingan eblis, dheweke kuwatir ana srengenge kembar, banjur nganak cecak, sewiyah lan degsiya marang liyan. Ngadhepi wong sing lagi kelangan kendhaline batin, kegodha obahe ayang-ayang, butuh jembaring dhadha. Wektu sing bakal njawab. Kabeh wis ana sing ngatur.
Labels: Ilmu Kejawen

Terima Kasih sudah membaca artikel Wong Jawa Emoh Kepidak Ayang-ayange. Bantu Like dan sebarkan melalui fb, tweeter, dll dibawah ini.. Salam Hangat..!

1 Comment for "Wong Jawa Emoh Kepidak Ayang-ayange"

Bolavita menantang anda yang merasa jago menebak Wala Meron dalam ajang adu sabung ayam pisau di situs S128, Sv388 atau Kungfu Chiken dengan mengikuti promo terbaru kami kali ini. Tersedia banyak bonus yang sangat wow di BOLAVITA seperti berikut ini :
- Welcome Bonus 10%
- Bonus New Member 10%
- Bonus Setiap Hari 5%
- Bonus Rollingan 0.5%

Minimal deposit adalah Rp 50.000,- dan Minimal withdraw adalah Rp 50.000,-

Didukung oleh bank ternama di Indonesia dan bisa melalui gopay, ovo, linkaja dan masih banyak lainnya , guna mempermudah Anda untuk bertransaksi.

Customer Service BOLAVITA tentunya 24 Jam online NONSTOP melayani Anda semua ^^

Untuk Informasi Lebih Lanjut Silahkan Hubungi CS Kami Di :
WA / TELEGRAM : +62812-2222-995
INSTAGRAM : @bola.vita
FACEBOOK : @bolavita.ofc
TWITTER : @BVgaming_net
LINE : @CS_bolavita

#bolavita #bandarjuditerpercaya #situsjudionline #situsjuditerpercaya #poker #casino #sportsbook #togel #agenjuditerpercaya #agenjuditerbaik #situsjuditerbaik #livecasino #pokeronline #slotgames #sabungayam

Back To Top